Rabu, 06 September 2017

Adab Istri Marang Garwane

🌴...................................

*ADAB ISTERI MARANG GARWANE*

*Wajib diwaca...!!!*👇🏽

*Wengi iku kang Paidi lagi nuturi bojo'ne sing gak tau mangan tembok'e pesantren.*

*Paidi garwo'ne menik...*

Paidi : "Dik, tak kandani yo dik...tapi, awakmu ojo nesu ya...?!"

Menik : "Iya, kang....Aku arep dikandhani apa tho kang Paidi...??

Paidi : "Ngene yo dik...Wong wadon iku kudune...

*1. Dawaamul hayaa'i min zaujihaa...*

Langgeng anggone isin karo sing lanang.

Lha kowe...
Jaman biyen pas manten anyar isinan, malu-malu...
Nisbat'e kudu ngentut ae diempet, isin karo aku.

Lha saiki, isinmu wis ilang...
Saiki awakmu wis ilang rasa isin'e.
Ngentut yo prat-pret sak gelem-e...!!

*2. Wa Ghodl-dlu Thorfihaa Quddaamahu...*

Nang ngarep'e wong lanang iku pantese dingkluk, amrih nuduhno hormate...

Lha awakmu...dikandani malah ngajak duel karo mecicili aku...!

*3. Wath-thoo'atu li amrihii...*

Nurut karo printahe wong lanang, kejaba printah sing nerak syare'at, kowe kudu anut, dik...

Lha awakmu, tak kongkon gawe kopi ae malah nyentak-nyentak aku.
Cincing-cincing jarik, karo muring-muring ngamuk ora ngurus perasaanku...

*4. Wassukuutu 'inda kalaamihii...*

Nek wong lanang lagi ngomong, rungokna, dik...

Aja malah wong lanang ngucap sekecap rong kecap, awakmu bales puluhan kecap...

Aku ngomong rung rampung awakmu nek bales kaya suara'ne mercon pas wulan pasa.

*5. Walqiyaamu 'inda Quduumihii wa khuruujihii...*

Nek wong lanang arep budal tindakan utawa lunga nyambut gawe, wong wadon kudu derekne tekan ngarep lawang, sinambi dongakna.

Umpama'ne sing lanang kundur, wong wadon kudu nyambut rawuhe wong lanang kanthi ajere rahi...

Lha awakmu...aku mangkat kerja ora ngurus, aku teka kerja, kowe ya cuek...!!

*6. Wa 'ardlu nafsihaa lahu 'inda irodatin nauumi...*

Misalkan wong lanang arep nyare, mlebu kamar, wong wadon kudune tawa awakke....

''ajheng ngersakke napa, mas...?''

Lha awakmu...

Tak jak turu bareng ae wegah, luwih mentingke nonton sinetron lan pesbukan....

Ngeneku ora garing kasih sayang piye jal...?

*7. Wa ta'ath-thuru...*

Kowe mbok tuku minyak wangi, wong wadon iku kudu gae wewangen. Ben sing lanang semangat tur tambah dèmèn.

*8. Wa ta'ahhuduha alfamma bilmiski wath-thoibi...*

Sikatan, dik...

Kowe tak sawang-sawang kok ya jarang sikatan untu.

Syukur-syukur nganggo pengharum mulut ben aku tambah betah.

*9. Wa dawaamuz ziinati bikhudlrotihii wa tarkuhaa 'inda Ghoibatihii...*

Wong wadon iku kudu macak, nganggo pepaes menawane sing
lanang nang omah, amrih nyenengke atine wong lanang, ninggal macak utawa pepaes menawa'ne sing lanang ora nang omah.

Lha kowe...aku nang omah malah nganggone ora genah, karo rambute dawul-dawul kaya gendruwo bar lahiran...

Pas arep budal arisan utawa kondangan nek macak moblong-moblong kaya ondel-ondel.

*10. Watarkul khiyaanati lahu...*

Aja nyidrani tresnane wong lanang.

lha kowe...angger ana "Bronis" malah carper....!

Eling dik, anakmu wes selikur, diluk maneh ya arep duwe putu....!!"

___〰➰➰➰〰___

🙇‍♀Menik banjur nangis....😥 ngerangkul awake kang Paidi.....

Mendadak si menik sesenggukan jaluk sepura'ne Paidi...🙏🙏🙏

☝☝ *Mangga dijipuk positip'e ae, lur....*

0 komentar:

Posting Komentar

About Me

maqolun náhihuin
Lihat profil lengkapku