Rabu, 15 Maret 2017

Si Mbah Yang Cerdik

Ceritane mbah putri bar blonjo neng pasar sawojajar, mulihe pengin numpak becak, nyang2an karo tukang becak'e.
SI MBAH: "Pak, 5,000,- purun nggih ?"
TUKANG BECAK : "Oh dereng saget, 10,000 mawon mbah".
SI MBAH : "Emoh ah, 5,000 wae to...!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."
TUKANG BECAK : "Mboten saget,mbah... Nek 10,000 nggih kulo purun.."
Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak,
SI MBAH ngedumel : "Nggih pun, tak bayar 10,000...!!!"
Pas neng dalan..
TUKANG BECAK : "Mandap pundhi mbah...?????"
SI MBAH : (Meneng wae...)
TUKANG BECAK : "Lha niki mandap pundi mbah..???"
SI MBAH : "Kan wes tak omongi dek mau...Nek 5,000 mengko ta duduhi dalane...
Ning nek 10,000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEK ONO DEWE...!!!" 😭😂😅😑😒

0 komentar:

Posting Komentar

About Me

maqolun náhihuin
Lihat profil lengkapku